Kamis, 11 November 2010

kumpulan naskah drama GENDRUWO GUGAT

GEGER TRIBUANA(GENDURWO GUGAT)
naskah terpilih sayembara menulis naskah sandiwara berbahasa jawa tngkat Jateng th.2008
karya : Drajat Nurangkoso

BABAK 1

Suasan nang Alas Purwa, Kasman sing dadi pimpinan proyek penebangan wit witan Alas Purwa keton kebingungan.
Kasman : Aduh biyung…arep kepriwe nggonku laporan maring lurah Gober. Proyek penebangan alas kudu rampung seminggu maning…pada ana apa? Kenangapa? Deneng pada amleng? Wer..Dower…kiye anu kepriwe? Deneng pada mandeg nyambut gawe, mbokan gawean egun akeh?
Dower : Napane sing kepripun bos?
Kasman : Wektuku mung gari seminggu, kae petak Tutup Ngisor ketono urung ana separo sing ditegor. Apa kira-kira rampung angger kaya kiye carane?
Dower : Duka niku, kados nggih rampung anger dipun lembur.
Kasman : Lembur prige, lha wong jam ayah wene be wis ora krungu suara wong kerja. Jan-jane pada kenangapa? Kit mau nyong ora krungu suara mbengor-bengore mesin senso, lha kelompokmu uga ora katon, pada nang endi?
Dower : Anu…..anu…..
Kasman : Anu sing kepriwe
Dower : Anu…..anu…..
Kasman : Wis tua ditakoni semaure kaya bocah cilik bae. Cepet critakena ora susah mbap mbep kaya kuwe!
Dower : Anu..sami wangsul
Kasman : Kepriwe? Pada bali?
Dower : Nggih leres, sami wangsul mpun kalih dinten. Kula teng mriki kantun tiang kalih.
Kasman : Aduh…kepriwe koh bisa kaya kiye? Semingu maning kudu rampung, mengko angger kesuwen selek akeh masalahe. Ah, kurang ajar, dasar kesed. Jarene butuh gawean, tek wei gawean malah mbothakena ndasku. Dower, aku kon kepriwe kiye? Dower….
Dower : Kula Bos
Kasman : Ko mbok uga ngerti, rikala semana pada meng umahu njaluk melu ngode negor wit nang Alas Purwa, ko uga melu wektu kuwe, iya apa iya?
Dower : Nggih leres, panci tiang tiang ingkang nedha pedamelan dumateng sampean kalebet kula.
Kasman : Deneng?
Dower : Mulane kula tesih ngampet karep badhe wangsul nggih margi ngemuti niku.
Kasman : O…dadi ko uga arep bali ninggalna gawean sing urung rampung?
Dower : Maksud kula menawi mboten ngemuti sengiyen kula sing nedha pedamelan, kula mpun nyusul rencang rencang petak ngisor.
Kasman : Ko ngerti apa ora, kira-kira apa sing dadi penyebabe apa dene pengangluhe tukang tebang sing pada nyambut gawe. Apa mergane akeh lemud? Kowe kabeh wis tek gawani pil kina obat malaria, apa bayare kurang gedhe? Kon mbayar sepira maning? Apa kekuranganku? Bayaran wis tek lipetna loro karo bayaran proyek-proyek liane. Apa wis ora kuat ngampet kangen karo wong wadon?
Dower : Mboten…sanes niku. Menawi kula mboten ngemuti kesaenan sampean mawon, kula mpun tilar alas purwa niki, mboten dipun bayar ngggih mboten napa-napa timbang mati ngadeg.
Kasman : Jan-jane apa sebabe kok ketone gawat temen nganggo mati ngadeg mbarang.
Dower : Alas Purwa wingit sanget, napa sampean mboten kraos hawa jis ingkang…….lha niku, kula wiwit mrinding-mrinding
Kasman : (mlayu nyedeki Dower) kowe aja nggleweh wer, wis ngerti aku wong kecing malah diweden-wedeni.
Dower : Estu, kula mboten meden medeni sampean.
Kasman : Ala…padune..ben aku maklum nek kowe uga arep melu melu mblirit.
Dower : Lha...kantun dipun raosaken piyambak., angin ingkang jis dipun tambah malih ganda arum ingkang aneh menika.
Kasman : Macem-macem tek potong honormu, aja meden medeni ah,
Dower : Estu mboten, niki napa wontene. Kalih dinten kepungkur sederenge sampean dugi, kula sami seg nebang wit pule ageng niku, ndadakan wonten hawa asrep kaliah swanten angin sing ageng kemrosak teras breng ganda arum, mboten let dangu Dulkodir kalian Misrun mlirek-mlirek matane kados tiang ketempelan.
Kasman : Nah, kiye jelas cerita ngaco, ora mungkin, kanthi kepengin ana demit jaman kaya kiye, ngertia wer, seurunge penebangan diwiwiti aku wis nggolet dukun ampuh sing ora kaprah sektine. Nyong weruh dewek, kerise bisa mateni geni sing agi mulad-mulad gede banget, kur nganggo diacungi keris….thung….leb…
Dower : Deneng kados sosis….?
Tapi nyatane Bos, mboten teng mriki thok, tiang tiang ugi nampi pacoban ingkang sami wonten petak Tutup Ngisor
Kasman : Ora, aku ora percaya. Demit-demit wis ora nana sing manggon nang Alas Purwa. Kajiman Alas Purwa wis dipindah nang Mbah Damun maring Punthuk Kusan.
Dower : Menawi kula goroh alias mboten pitados kalian critane kula, kantun tangled mawon teng lare-lare ingkang nebang Teng Petak Tutup Ngisor.
Kasman : Jarene kowe bocah Tutup Ngisor wis pada bali, terus takon meng sapa? Keton mbok nek ko gawe-gawe, ngarang-ngarang cerita sing ora genah.
Dower : Mboten pitados nggih mpun, mangga tangled kalian Kang Supar sing seg nglinting teng gubug nika.
Kasman : Ora perlu.Sepisan maning koe tek critani yen demit Alas Purwa wis pada dipindah, wis migrasi sing ngurusi Mbah Damun. Dadi angger ana aneh-aneh bisa uga kuwe penggaweane Mahasiswa sing lagi sok kritis utawa gaweane LSM sing dipimpin karo Murawi duda magel kae.
Dower : Murawi..?
Kasman : Kae lho sing winginane mimpin demo, lambene ngorong-ngorong nentang kebijkan penebangan Alas Purwa, jane kuwe ya mung politik
Dower : Kula mboten ngertos urusan politik. Sing penting weteng kula sekluarga wareg saged nyandang ugi mbayar sekolah lare
Kasman : Lha kaya kuwe bae ora usah kakean sengek kaya Murawi, aja melu melu bodho kaya bocah sing nebang nang Tutup Ngisor. Yakin bae, angger alas purwa wis bersih sekang perdemitan.
Dower : Tapi perkawis Kang murawi kulak kok mboten setuju kalian penemu sampean.
Kasman : Lah ko anu ora ngerti tapi diwei ngerti moh. Murawi mbengor-mbengor anu ana udang di balik batu. Koe pada ngerti? Menawa Murawi pada ora bersihe karo Lurahe
Dower : Maksud sampean?
Kasman : Pada da. Pada menungsane, pada doyan duwite.. buktine?
Dower : Buktine napa?
Kasman : Lha dana BOS
Dower : Dana BOS?
Kasman : Aduh piyung banget koe jane ya Wer. Aku arep takon, gemiyen seurunge ana dana BOS sekang pemerintah, anakmu mbayare pira, trus siki seuwise pemerintah aweh dana BOS bayare pira, sekang kono kan bisa dipetani kelakuane Murawi nggone dadi guru mbok
Dower : Iya,… ya…leres bos...seg dereng wonten BOS bayaran 15 ewu wonten bos mestine malah jujul alias wonten arto saking pemerintah kangge iuran ini itu sing kaitane kalian pelajaran nggih?
Kasman : Ya kuwe mulane aja ngultusken Murawi wong pinter lan bener dewek. Lha kae penjumlahan karo pengurangan be urung pinter, apa maning babagan pembagian, kanthi kepengin bisa rata.
Dower : Tapi babagan demit kula tesih pitados bilih Alas Purwa mriki wingit sanget, langkung-langkung Tutup Ngisor nggen Umbul Jumpang. Sederenge wangsul sami mampir teng gubug mriki criyos menawi kathah ingkang sami ketempelan, ugi kedadosan aneh ingkang mboten tinemu ngakal.
Kasman : Kedadean sing ora tinemu ngakal? Apa bae contone
Dower : Miturut critanipun kanca-kanca wonten senso ingkang ndadak macet, tugel, malah wonten ingkang ical dipadosi ngertos-ngertos mpun cemantel teng pang wit pule ingkang wonten pinggir umbul.
Kasman : Ah...kuwi genah gaweane nom noman sing dibayari LSM. Kae lho nom-noman pedukuhan Kasimpar sing tek tolak melu ngode negor wit terus dinggo alat karo LSM pimpinan Murawi sing ora kebagian badhogan.
Dower : Napa kantos semanten?
Kasman : Kue… angger diwehi ngerti li angel. Bocah-bocah padhukuhan Kasimpar pada meng umahu arep melu ngode tapi kan ko pada ngerti dhewek mbok, rikala semana ana pilkades dheweke pada ora ndhukung Gober dadi ya angel leh ku merjuangna maring pak Lurah.
Dower : Jane nggih mboten bener angger kados niku
Kasman : Ora bener nang ndi nggone?
Dower : Mestine angger pak Gober demokrat sejati nggih mboten kenging pilah pilih. Malah sesaged saged kangge warga sekitar mriki rumiyn sing dipun rekrut nyambut damel
Kasman : Uluh….deneng pinter ngomong kaya kuwe sapa sing marahi? Murawi bar dolan ngeneh ya
Dower : Mangga tangled Kang Supar
Kasman : Nyong bener-bener curiga, aja-aja LSM pimpinan Murawi sing lambene monyor-monyor nang koran wis mewabah maring uteke koe padha wong desa Tribuana. Mau searepe Nyong mrene uga krungu krisik krisikane wong lagi pada rempon nang warunge yu Lingah jerene penebangan Alas Purwa termasuk Ilegal loging jajal apa ana wong desane dewek ngerti Ilegal loging angger ora sekang sirike Murawi? Malah meden-medeni penduduk jerene dela maning mangsan udan desa Tribuana bisa banjir lan bisa ana bencana tanah longsor mergane wit-witan ditegori. Mbok wis ngaco bin ngawur. Ngawe resah lan ngusik ketenreman warga. Jane Murawi anu serik atine merga pak Lurah nunjuk aku sing dadi Pimpro Alas Purwa, deweke ora dipercaya karo pak lurah. Wong gemiyen be mbuh milih sapa koh ngarep-arep proyek.
Dower : Tapi jane nggih wonten lerese menawi banjir ugi tanah longsor. Tapi napa nggih Kang Murawi gadhah alasan kados ingkang sampean ngendikaaken wau, ngertos kula Kang Murawi tiange mboten kados niku .
Kasman : Wis ora sasah ngurusi Murawi. Siki sing baku kepriwe carane wektu seminggu dewek kudu rampung negor wit. Masalah petak Tutup ngisor dipikir mengko siki urusan pegaweanmu, petakmu, keprige?
Dower : Petak kula kantun sedasa wit teras sami mandeg. Lha niku sing wau kula critakena, mergi wonten tiang kalih sing ketempelan teng ngandap wit pule ageng niku. Dulkodir kalian Misrun matane mlirek-mlirek mbekto gaman diacung-acungakan sinten mawon sing bade nyambut damel
Kasman : Ah, kuwe jelas pura-pura padune arep males-malesan. Ko aja gelem dibodoni Wer.
Dower : Kula yakin dulkodir napa dene Misrun mboten seg sinetronan. Piyambake ngromed. Ngomyang kalian mbengok-bengok “ Gober….gober….kurang ajar..kadal bunting ula koros, menungsa licik ora kena digugoni cangkeme…he..sapa bae sing ora leren anggone nebang wit nang kene aku sing arep mateni..” kados niku bos
Kasman : Terus ngamang-ngamang nganggo parang
Dower : Enggih…tangane ngacung-acungaken gaman panjang nika, matane mlirek-mlirek, nggetak-getak rencang ikang badhe nguripaken senso. Kula cedheki malah kula ditempeli parang gulune kados niki ( dower nyikep Kasman nyontoni ) “ angger wit pule arep ditebang aku arep laporan karo lurah kajiman, kanjeng buta ijo…”
Kasman : (keweden) Wer…Dower….eling…kiye parange landep banget, mbok ketemenan belis lah prigen…kurang ajar masa nyontoni kaya temenanan.
Dower : Nuwun sewu…wah jan meh mawon
Kasman : Bocah gemblung, kenthir…apa ko arep mateni aku. Aja-aja kowe dhewek sing ngendhon-ngendhoni kanca-kancamu merga wis kangen bojomu.

Suara angin ngisis, wit-witan pada obyag
Dower : Pak...pak…bos…bos…anu…anu….
Kasman : (keweden nyedhek maring mburine dower )
Kowe aja meden-medeni. Wong kur angin koh
Dower : Tapi gandane sami kados winginane seg Dulkodir ketempelan
Kasman : Lah ora ana sing ketempel wis tek omongna padune anu ben pada leren lan males malesan. ( mingser mlaku mengarep karo malang kedek terus mbalik madep dower) iya mbok, ora ana apa-apa? Wis tek critani mbah Damun sektine pol, wis pada dipindah. Nek egun ana demit ora pedah nggonku mbiyayani larang.

Lurah Kajiman njedul nang mburine Kasman
Dower : Pak…pak...anu…anu….
Kasman : Ana… Anu… dengkulmu mlocot. Mambu wangi ya memper mungkin ana luwak pandan sing lagi cedek nang kene, kowe ora susah gawe-gawe.
Dower : Anu…anu…niku lho teng mbur...mbur...mburine sampean
Kasman : (mlaku meng ngarepe Dower ) alah..wis ora payu, aku udu bocah bayi gampang dilombo…ha..ha…lucu nemen raimu wer...jan aktinge maen pisan kaya pemain sinetron, ngesuk angger ana prosedur ...e...produser sinetron teka kowe tek daftarna dadi pemain ( Kasman mbalik, kaget weruh lurah kajiman. Mbalik arep mlayu nubruk Dower )
Lurah Kajiman : Ha…ha…ha…lucu, lucu pisan…menungsa ringkih sok gagah tembe weruh rupaku wis keweden, nyempirut raine kaya kamir wayu..

Kasman ngetokna iket wulung terus dikebutna njalari tekane angin
Kasman : Wer ko sing tenang bae. Aku ora wedi. Aku mung kaget ana demit alane kaya kue kok ora bosen bosen anggone ala.He… demit, mbok operasi plastik apa kepriwe dadine mandan memper disawang
Dower : Bos kula wedi temenen je, kanti kepoyuh, niki pripun kathoke nggih gari niki je
Kasman : Ngeneh nang mburiku bae. Percaya karo inyong, kiye iket wulung paringane mbah Damun. Deleng arep dadi apa demit kue.( ngebutna iket wulung maning )
Lurah Kajiman : Ketokena kabeh penduwemu, menungsa...menungsa ringkih lan sombong…wis? kur kuwe thok piandelmu? Siki gentian ya, tampani irama rok bangsa kajiman..suara krimpyinganku…hait...( ngedrugna sikil ping telu )

Kasman lan Dower gempulingan karo nutupi kuping
Kasman : Ampun…ampun…stop…nyong ora kuat, kupingku kaya arep pecah..
Dower : Tulung…tulung…kupingku ora kuat
Lurah Kajiman : Ha..ha..endi kesektenmu, tembe krungu musikku deneng wis sambat sambat
Kasman : Lha wong musikmu ora genah iramane sapa sing kuat?apa maning kupingku wis biasa nggo ngrungokna campur sari jan ra mathuk blas.
Lurah Kajiman : Ha..ha..ha…igun bisa nglawak bae kowe ya. Urung kapok? Apa kepingin maning..hait..( arep nggedrugna sikil )
Dower : Wis…aja…gendangan kupingku pecah mengko nyong budge kepriwe…Bos mpun ngledeki mawon toil...angger wiyagae mboten kuat mlajar mawon ngga.
Lurah Kajiman : He..arep meng ndi? Aja mlayu dingin.Ngertia he menungsa, aku kiye ala ala lurae kajiman Alas Purwa..aku arep takon apik apikan karo kowe, kenangapa Alas Purwa diosak asik. Malah wit pule sing dadi panggonanku uga arep dirubuhna..
Dower : Udu inyong…kiye sing prentah
Lurah Kajiman : (nyandak gulune Kasman ) kowe kadal buntung
Kasman : Ak...ak…ak….
Lurah Kajiman : Ak…ak...kepriwe, cepet jawab ra susah kesuwen
Kasman : Ak…ak…ak...nyong ora bisa ngomong wong guluku ditekek... niki lur jim
Lurah Kajiman : Lur jim prige….
Kasman : Lurah kajiman. Mbok mau ngomong nek kowe lurahing kajiman…aku negor wit-witan mung nglakoni prentah.
Lurah Kajiman : He menungsa sijine kae…jerene kowe kadal buntung kiye sing prentah, terus kadal buntung uga ngomong mung nglakoni prentah…terus sapa sing bener
Dower : Yakin…nyong diprentah bose, niki sing prentah.
Kasman : Udu…yakin gologokin udu inyong….
Lurah Kajiman : Sing bener endi
Kasman : Sing bener sing prentah niku lurae. Gober
Lurah Kajiman : Apa..? Sing gawe ada-ada negori wit-witan Alas Purwa Gober?O...o…o…gober eber eber sambeliler kecemplung ember...menungsa licik, menungsa bejad, menungsa ora pantes ngaku menungsa…kadal buntung ula koros tikus wirog coro montho…hait…ha….

Kasman lan Dower gempulingan krungu suara krimpyingan sikile lurah kajiman
Dower : Aduh…aduh…iyung…tulung….
Kasman : Ala..ala..ala yung…kiye…keprige….
Lurah kajiman : Alas Purwa sing dadi panggonane bangsa kajiman wis diorak arik, enteni piwalesku…gober..aku nagih janjimu…(ngedrug gedrugna sikil jengkel banget.)
Dower : Kula mboten kiyat bos, kula ajeng wangsul mawon, kula tesih kepengin urip,bojo kula tesih kepenak
Kasman : Wer...Wer…enteni aku aja ditingal….
Lurah Kajiman : Dasar menungsa tukang gawe rusaking alam…wani wanine nyebut kholifatullah…aku arep nuntut bales…aku kudu males…lan aku uga arep ngudari janjiku sing wis tek dadikena undang undang perdemitan . Hai wargaku kajiman Alas Purwa ayo serbu Tribuana, wales tumindake lurah Gober..mulai dina kiye aku arep ngudari perjanjian siki kowe kabeh tek olihna manggon nang sedingah papan nang Tribuana, aku ngolihna kowe kabeh ngganggu ketenremane Tribuana..panggoni pasar, leboni uteke bakul ben nggone dodolan pinter ngapusi lan dadi cengkah karo ati nuranine, kantor klurahan aja kanti keliwat, panggoni, pangan uteke susupi karepe wong wong sing nyekel peprentahan desa Tribuana ben pada rebutan jabatan lan ora mikir kesejahteraan wargane, gawe ontran ontran, sekolahan uga dipanggoni…ayo ora ngango suwe, lurug Tribuana, ayo dadi siji karo virus lan penyakit….

BABAK 2

Umae Pak Lurah Tribuana
Lurah Gober mondar mandir kaya wong bingung
Wartiyah : Kula nuwun,
Gober : E...mangga…mangga...bu carik
Wartiyah : Ketingale seg mboten sehat?
Gober : Sehat...sehat wal afiat…
Wartiyah : Sukur pak menawi sehat, wong pasuryane ketingal pucet
Gober : Biasa bar lek-lekan jagong bayi
Wartiyah : Tesih seneng teplek
Gober : Ya nggo hiburan, timbang nang ngumah bojoku mrengut bae lagi njaluk avanza..tek tukokna insana malah tambah jengkel
Wartiyah : Lah njenengan nggih senengane ngledek, seg tindakan nopo ibune . Sampun maos koran dinten niki pak?
Gober : Meng kota mangkat wingi sore, jere arep becer...mbuh becer apa. Aku si ngerti jane mung alasan arep nemoni dhemenane
Wartiyah : Lho kok njenengan ngeparengaken?
Gober : Kan ana sliramu, pancen tek jor mengko tembe tek jebak terus tek pegat.
Wartiyah : Ampun kados niku pak lurah, mangke kula diarani sing ngrebut. Mbok sing rukun rukun mawon. Napa nggih bu lurah teng Jakarta ajeng kados niku.
Gober : Angger aku seneng karo sliramu apa salah?
Wartiyah : Mboten wonten salahe tiyang remen kalian tiang, wong kalian sesami mkhluk mawon ken sami seneng. Sedingah mkhluke Gusti Allah.
Gober : Dadi….
Wartiyah : Wau kula tangled napa mpun maos koran?
Gober : Bosen...nyong wis bosen maca berita koran sing anane gawe kisruh lan ngobong ngobongi masarakat. Aben maca Koran nyong kudu jengkel maca omongane Murawi sing monyor-monyor lambene
Wartiyah : Niki sanes bab Murawi.
Gober : Terus bab apa? Mbok ora nana gandeng cenenge karo Alas Purwa, berarti Murawi wis meneng lan wartawan uga wis disat tintane?
Wartiyah : Kula mboten ngertos babagan niku
Gober : Lho…kepriwe, telung dina kepungkur ana nom noman sangar njaluk duwit jerene prentahane bu carik nggo mbingkem Murawi lan nutupi matane wartawan.
Wartiyah : Masa…kula mboten prentah sinten sinten.
Gober : Aduh, ketipu maning ketipu maning. Oknum aparat uga gemridig kerig warig njaluk jatah, duh tambah mumet. Terus berita nang koran anu apa?
Wartiyah : Pedukuan kasimpar wonten pageblug. Napa njenengan dereng pirsa?
Gober : Urung. Aku tembe mulih jagong bayi nang luar kota
Wartiyah : Jagong bayi teng luar kota, tebih temen
Gober : Maksude jagong bayi ya teplek kaya sing ditakokna sliramu mau..
Wartiyah : O….
Gober : Pageblog apa? kok medeni temen bahasamu kaya nang kethoprak.
Wartiyah : Wonten penyakit aneh, nganeh anehi. Sakit sonten enjang pejah, sakit enjang ndalu pejah. Malah wonten ingkang kenging penyakit lumpuh dadakan.
Gober : Lha ya ora mohal nek larane kaya kuwe. Kuwe jenenge penyakit cilukba…mergane wong pada ora manut karo omonganku masalah njaga kebersihan lingkngan. Kuwe bendu wong pada serik karo aku. Njangkar karo prentahku. Endi ana wong Kasimpar kerigan, gotong royong bersih lingkungan? Angger diprentah pada mbagag, jerene “ Hari gini kerigan “
Wartiyah : Sanes penyakit cilukba, ingkang leres cikungunnya, tapi ture pak mantri sanes cikungunnya. Desa Tribuana mpun bebas nyamuk malaria.
Gober : Lha terus jere penyakit apa?
Wartiyah : Mangke tim saking kabupaten bade dhateng, puskesmas sampun laporan. Tapi pemangih kula niki wonten sambung rapete kalian penebanganAlas Purwa
Gober : Maksude?
Wartiyah : Proyek penebangan Alas Purwa dipun etang malih, malah kedah dindeg mawon.
Gober : Apa..alas purwa proyeke dindeg..di stop kaya karepe Murawi kaya kuwe karepmu?
Wartiyah : Sanes karep kula, tapi petangan kula. Panjenengan sampun salah margi, nerjang wewalere sesepuh Tribuana. Panjenengan sampun mblenjani janji ugi mboten nyepengi amanahipun rakyat njagi Alas Purwa.
Gober : Lho kok sampean dadi melu melu Murawi, wah kowe bener bener wong wadon sing licik, musuh dalam selimut
Wartiyah : Lho kapan kula nate setungal slimut kalih panjenengan. Kula nggih saged jengkel… Kula kur ngingetaken mlaku pajenengan mpun kebablasen.
Gober : Kowe ora gelem dadi bojoku ya ora apa apa, tapi kowe kanandapanku, mestine mbelani aku, ora malah mbelani Murawi.
Wartiyah : Kula mboten mbelani sinten sinten, kula ngomong makili ati nuranine masarakat Tribuana ingkang sejatosipun mboten rila alas purwa ditegori wit-witane. Teng peprentahan desa leres kula andapanipun panjenengan, tapi petangan penduduk, kula gadah hak ugi kewajiban njagi Alas Purwa.
Gober : Ati nurani masarakat sing endi? Apa wong Tribuana igin duwe ati nurani? Endi? Atinurani masarakat wis gampang dituku, pilihan legislatip, pilihan Bupati, pilihan apa bae ati nuranine diijoli duit. Malah ana sing regane segelas dawet lan sebungkus mi instant. Aku curiga aja-aja ati nurani masarakat Tribuana uga wis dituku Murawi ben ndukung olehe nolak proyek Alas Purwa.
Wartiyah : Masarakat Tribuana mboten kados niku
Gober : Mbel, gusut..slirane ngerti mbokan rikala pilihan lurah aku ntong pira? Mulane aku wani negori wit nang Alas Purwa sebagian duite arep tak nggo balekna duit utangku maring kancaku sing ngebosi anggonku nyalon lurah. Petungku aku negor wit pada bae ora tek pangan dewek tap wis tek bagi bagi adong pilihan lurah. Apa aku jenenge rakus?
Wartiyah : Niku jenenge pembenaran.tetep mboten bener.
Gober : Ora bener nang ndi nggone?

Kasman lan Dower teka
Kasman : Kula nuwun pak lurah
Gober : Mangga…e, ngeneh.karo sapa?
Dower : Kalian mandor tebang, dower
Kasman : Mpun dangu bu carik, gasik temen sowan pak lurah
Wartiyah : Wis sewetara. Mpun pak lurah kula badhe pangkat teng Dinas Kesehatan. Ngonoh kang gentian.
Kasman : Ketingale bu carik sajak mboten pas penggalihe, kula nggangu napa? Bilih siyos ajeng diterusaken?
Gober : Terusaken dengkulmu…orasusah ngomongna bab kue ana dower mengko lambene ndower meng ndi ndi dadine ngabar.
Dower : Mboten lah pak lurah, napa kula bocahan.
Gober : Wis tekan ngendi anggonmu pada negor wit witan Alas Purwa?
Kasman : Nyuwun pangapunten
Gober : Pangapunten? Wah mesti ana kabar sing ora enak. Esuk esuk sarapan masalah. tembe los bu carik, siki dapurmu arep setor masalah maning.
Kasman : Wonten napa kalian bu carik? Napa seg mboten setuju kalian penebangan Alas Purwa?
Gober : Laporan sing nomer siji babagan anane penyakit aneh sing lagi dadi wabah nang pedukuhan Kasimpar, kaping lorone deweke ngomongi aku kon mandeg anggone nebang hutan. Kentir apa ora?
Dower : Pantesan raine kados njegadul
Gober : Ya, kae bar tek omei ntong nting, bersih limit. Aku curiga aja-aja Murawi bener bener wis andum duwit nggolet dukungan. Masa bu carik nguliahi aku, jerene nek alas purwa ditegori wit witane bisa marai sengsara, banjir lan tanah longsor, uga wabah penyakit. Apa hubungane?
Kasman : Kados leres, masarakat nggih mpun sami gadeh penemu mekaten
Gober : Lha..jelas mbok.
Dower : Wingi seg kula wangsul mandap saking hutan mampir teng warung ngiggil jembatan gantung Tinagara, gremeng gremeng seg sami ngomong masalah Alas Purwa malah ture bade demo ageng teng kabupaten mingu ngenjang.
Gober : Kok malah dadi ngambra-ambra. Bali maring babagan negor wit. Babagan gaweanmu kepriwe?
Kasman : Dower ken crita
Gober : Lho kok dower. Sing tek percaya kan kowe, dower kan mbantu kowe
Kasman : Niki crita sanes laporan pak, angger laporan panci tugas tanggung jawab kula. Wer gelis matur
Dower : Rencang rencang sami mopo, sami mboten kiyat dipun ganggu demit Alas Purwa. Kula nggih ajeng leren mawon.

Gober jengkel menyat sekang korsi
Gober : Apa…? tukang pada mopo merga keweden diganggu demit? Kasman…angger ra salah kowe wis tau laporan yen mbah Damun wis mindah kajiman maring punthuk kusan, kenangapa proyeku mandeg merga demit, artine demit demit igin manggon nang Alas Purwa…wah...kiye aku dilomboni maning…kasman…aku siki ngerti bojomu numpaki mio anyar kae ngaggo duit sing jere ngo mbah damun, iya apa iya?
Kasman : Gelem busung..kula wani sumpah…niku duwit anggone bojo kula utang bank.
Gober : Mbuh…aku dewek uga ora apal serine duit, tapi aku tetep curiga nek duit sing wis tek wehna ora tekan maring mbah Damun, buktine demit demit igin ngganggu gawe.
Kasman : Sekersa panjenengan menawi mboten pitados nggih mangga
Dower : Sing sareh...mpun nuduh nuduh rumiyin
Gober : Nek luput aku njaluk pangapuramu Man. Ah,..laporane bu carik marahi puyeng. Mau bu carik crita penyakit aneh lan karo meden medeni
Kasman : Maksud panjenengan meden medeni ajeng dipenjara napa, kula ampun dibekta-bekta, kula sipate ngodhe
Gober : O...nek kuwe tenang bae ora susah wedi, kabeh wis tek wuwuri, malah aku urung mangan, oknum oknum kae wis pada bungkang.
Dower : Lha medeni babagan napa?
Gober : Aku ngarani penyakit lumpuh dadakan kuwe cikungunnya, tapi jerene pak mantri udu, terus bu carik ngomong yen sing marai anane mati dadakan lan lumpuh dadakan ora lia ya pengamuke demit demit Alas Purwa sing agi mulai nuntut bales merga panggonane diosak asik awake dewek.
Kasman : Lha……..
Gober : Kenangapa raimu pucet kaget ndadak kaya wong kesetanan?
Kasman : Anu….anu….
Gober : Anu anu sing kepriwe, kowe ya arep nyetujoni pendapate bu carik?
Kasman : Dower mawon ingkang crita
Gober : Aneh aneh bae ana apa jane? Dower, critakna kanti gamblang ora susah mbas mbis
Dower : Niki mboten masalah kula setuju kalian pemanggihe bu carik tapi kula sing nglampai piyambak, Alas Purwa panci wingit sanget. Tiang tiang sami kesurupan malah sami ngromed ugi badhe sami bacok bacokan.
Gober : Ngromede kepriwe
Kasman : Nyebut nyebut asma panjenengan, malah kula dicengkerem ajeng dipateni...krimpyingan sikile niku teng kuping kados ajeng mecahaken gendangan kula.
Gober : Nang sisih endi kuwe anggone kedadean?
Dower : Teng ngandap wit pule sing paling ageng, ngakune sing manggon teng mriku, lurahing kajiman Alas Purwa. Buta Ijo.
Gober : Buta Ijo….
Kasman : Kenging napa? Kok kadose kenal?
Dower : Buta Ijo badhe nglurug teng Tribuana badhe males mergi panggonanipun sampun diorak arik.
Gober : Terus kepriwe apike Man?
Kasman : Mboten gadah pemangih, kula bade nyuwun leren lah nggih
Gober : Kepriwe? Kowe arep njaluk leren?
Kasman : Nggih, kula mboten purun mati ngadeg
Gober : Wis kadung teles...aku tetep arep ngrampungna proyek Alas Purwa, aku menungsa masa kalah karo demit. Merga kowe sing mundur dewek aja ngarep arep separo bayaranmu sing egin nang aku
Kasman : Sekersa panjenengan..
Gober : Kasman, kowe ngerti wis pirang pirang juta duit metu, aku ora perduli pada setuju apa ora, desa kiye sing kuasa aku, salahe pada milih aku, mergane kowe kerja ora becus aku arep ora mbayari kowe
Kasman : Sekersa panjenengan, pancen bener Murawi, aku salah mbelani wong ora duwe ati nurani..
Gober : Sing jelas man aja ngedumel

Lurah Kajiman teka kanti suara kemrimpying
Lurah Kajiman : Gober….gober….
Gober : Sapa kowe…..aku…aku…..
Lurah Kajiman : Kowe pangling karo aku? Dasar menungsa, karo raiku bae kelalen apa maning karo janjine. Aku lurahing kajiman Alas Purwa
Gober : Buta Ijo? Lha gemiyen ora rebondingan kok, kan marai pangling
Lurah Kajiman : Ha…ha…egin bisa nglawak…hai gober…kadal buntung ula koros tikus wirog, ndok wukan…tekaku mrene arep takon
Gober : Takon bab apa?
Lurah Kajiman : Dapurmu egin kemutan apa ora? Rikala semana kowe ngglangsur-ngglangsur, ndeprok nang ngisor wit pule panggonanku. Kowe janji yen aku ngrewangi kowe lan bisa menangna anggone pilkades, kowe arep ora negori wit witan nang Alas Purwa, arlias, aku diwei tanah perdikan nang Alas Purwa. Kenangapa mbarang siki rega kayu mumbul sundul langit terus utek rakusmu kumat lan nutup janjimu, o..o..o.. Gober, kowe menungsa tap wis ilang kemenungsaanmu..apa kowe ora isin ngaku makhluk sing paling sempurna lan ngaku dadi khalifatullah?
Gober : Aku negor wit-witan kuwe wujud ikhtiarku ngolah hutan kango kesejahteraaning warga, kabeh sing dicipta dening Gusti Allah nang indenging bumi kango menungsa.
Lurah Kajiman : Sepisan maning aku arep takon, anggonmu mbambadi Alas Purwa arep dilereni apa diterusna..yen dilereni aku uga leren anggone nggawe geger nang pedukuan cedeke tutup ngisor tapi nek diterusaken aku arep ngelosna, aku arep ngudari perjanjian. Kabeh bangsa kajiman tek olihna manggon nang sedingah papan nang desa kene.
Gober : Drajating menungsa masa kalah karo demit ala kaya dapurmu…ora, aku arep nerusaken proyek penebangan Alas Purwa, aku ora wedi karo sumbarmu..
Lurah Kajiman : Yen kaya kuwe delengen rakyatmu sengsara, tek gawe ontran ontran ben pada ora rukun lan rungokna suara tangis gegering raja pati…(jengkel karo nggedrug-gedrugna sikil, snalika udan barat pancawura montang mantingna wit witan, suara pating jerit
lan suara tangis dadi siji karo suara krimpyingane lurah kajiman)

Gober, Kasman, lan Dower pada jumpalitan karo nyekeli kuping, mlayu ngalor ngidul ora genah, gober mati ketiban blandar.





KARYA

NAMA : DRAJAT NURANGKOSO
TEMPAT/TGL LAHIR : BANJARNEGARA, 8-4-1966
PEKERJAAN : GURU
INSTANSI : SMP N 5 BANJARNEGARA
ALAMAT KANTOR : JL. TENTARA PELAJAR N. 04 BANJARNEGARA TELP. (0286)591882
ALAMAT RUMAH : RT.1/O6 KEL. SOKANANDI BANJARNEGARA Hp. 08122773887

1 komentar: